Ing salah sijining deso kang subur lan makmur wargane poro petani sami nandur pari, jagung lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dino ditilik’i lan disirami supoyo subur. Dumadakan ono kewan kancil kang ngrusak tandurane, timune podo dipangan kancil. Esok-esok Pak Tono menyang sawah nilik’i tandurane. Pak Tono kaget.
“Lha... Kok podo rusak kabeh tanduranku. Sopo yo sing ngrusak tanduranku?”. Karo nesu-nesu.
Terus Pak Tono mikir gawe coro supoyo biso nemokke sopo sing ngrusak tandurane.
Pak Tono banjur gawe wong-wongan ning sawah kang dilumuri getah karet supoyo biso nangkep sing ngrusak tandurane.
Liyo dino, kewan kancil moro maneh ning sawah mangan timun karo nyedak marang wong-wongan sawah. Tanpo sadar, sikile dipancal-pancalake marang wong-wongan sawah terus sikile kanthil.
“Waduuh... Sikilku kanthil, piye iki ora biso ucul soko wong-wongan iki”.
Kancil ora sadar Pak Tono teko.
“Lho.. Kowe tho Cil sing ngrusak tanduranku”.
Kancil terus wedhi.
“Ayo tak gowo mulih marang omahku”.
“Ampun Pak, ampun... Kulo salah, kulo nyuwun
pangapunten”. Kancil karo nangis.
“Oo.. Yen ngono tak ampuni Cil, tapi sesuk ojo mbok
baleni maneh. Yo wes saiki kowe njogo timunku ning sawah yo. Sesuk yen wayah
panen, kowe tak wenehi timune”.
“Nggih Pak Tono”, Kancil njawab kanthi alus.
Pak Tono lan kancil wiwit dino iku kerjo bareng
ngrumati tanduran timun ning sawah.
Nalikane panen, Pak Tono ora lali menehi timun kanggo
kancil.
“Kancil, iki
bagianmu amergo kowe gelem ngewangi aku njogo sawah”.
“Matur nuwun Pak Tono”
“Iyo,, sesuk-sesuk aku ewangi maneh yo!”.
“Nggih pak”, ujar kancil.
Sakwise, kancil banjur mlebu ono njero alas kanthi ati
bungah.
Cerito iki kanggo ndidik yen prilaku nyolong puniko
mboten sae, lan yen salah kudu nyuwun ngapuro. Makhluk ciptaan Allah iku kudu
saling tulung-tinulung kalih lumo marang sesami. Matur nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar